Sesorah Peresmian Gedung Sekolah


Assalamu’alaikum wr. wb.
Ibu Bupati ingkang tansah sinudarsana, ingkang pantes pinundhi bapak ketua pembangunan, bapak/ibu guru ingkang bagya mulya, bapak/ibu wali murid ingkang kinurmatan, kaliyan siswa-siswi ingkang kula tresnani.
Kanthi puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun, katitik panjenengan sedaya saha kula taksih pinarengaken kempal manunggal silaturahmi wonten ing mriki.
Matur nuwun sanget dhumateng juru pranata adicara ingkang sampun maringi wekdal dhumateng kula supados ngaturaken tangggap wacana pambuka peresmian gedung/wisma SMA Negeri 1 Kebumen ingkang sampun karantam wonten ing rantaming adicara.
Kula minangka kepala sekolah SMA Negeri 1 Kebumen ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng bapak/ibu guru, karyawan, wali murid, kaliyan siswa-siswi ingkang sampun paring sumbangsih kadarman ingkang arupi punapa kemawon, bau suku, rigen pratikel ingkang tulus ikhlas. Langkung-langkung gedung punika minangka wadhah pembinaan putra-putri tunas kalajenganipun bangsa.
Mboten kantun ugi kula minangka kepala sekolah SMA Negeri 1 Kebumen ngaturaken gunging panuwun dhumateng pisungsung subsidi saking Pamarintah Pusat. Kula atas nami kepala sekolah mboten saged ngaturaken punapa-punapa, pramila sagedipun namung ngaturaken puji pangastuti mugi-mugi lubering sih kautaman sedaya kala wau pikantuk lilentu saking Gusti ingkang Maha Agung.
Ugi kula ngaturaken panuwun dhumateng karyawan pembangunan sampun kanthi semangat lan pengapdian ingkang inggil lan rasa tanggel jawab ingkang ageng saged mungkasi pembangunan gedung punika kanthi rancangan tuwin wekdal ingkang sakmesthipun.
Salajengipun mangga sesarengan kita awrat gedung ingkang sampun sumadya, awit kangge njagi kelestarianipun punika langkung awrat katimbang ngadani satunggaling bangunan. Peresmian gedung punika samangke dipun adani Ibu Bupati Kebumen.
Semanten saha mekaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kakirangan saha kalepatan kula.
Wassalamu’alaikum wr. wb.

Categories:

Leave a Reply